Rek….aku moleh ndeso sek yoo..?

( baca lah dengan aksen program TV JTV SUrabaya , Pojok Kampung)

suroboyoSedulur…tanggal nem likur mben, koncoku duwe acara nikahan. Konco kantor ku iki seangkatan pas sekolah ndek SMK 2 Yogya dhisik. Kebetulan oleh bojo arek Bantul, dadi ga adoh adoh nemen ambek omahe koncoku si Nugroho iku.

Bengi iki aku ambek koncoku cacahe 3 budhal nang Jogja.Bakalane pegel, soale sing nyopir aku tok, tapi gak usah kuatir soale bakalane alon2 waton kelakon hehehe… Nek pengen leren yo leren ae sak karepe. Rebo esuk sebetule ono rombongan teko kantor sing katene budhal jogja pisan, tapi berhubung aku wes “free kantor” mulai sore iki , dadine aku pengen mudik bengine ae. Dalanan sepi tur udarane sejuk…

Rencana ku bakalan “long vacation” nang Jogja. Cuti teko kantor 3 hari ditambah prei hari besar nasional + jatah prei mingguan, total jendral oleh libur 5 dino hahahaha…

Wah…dadakno ngomong jowo iku angel yo ? wes 7 tahun nang suroboyo, bahasa jowo ku ijeh campur campur antara Jowo Jogja ambek Jowo Suroboyo hehehe…

Ayo sedulur….jogo aset boso jowo iki, ben gak di klaim dadi duweke negoro liyo (hahahaha…provokasi mode ON)

*thumbnail taken from google image search

You may also like...

10 Responses

  1. risdania says:

    oleh oleh ya maaaaaas…tas batik….hihihi

  2. LuxsmAn says:

    ojo lali bungkusane digawe aq, nek ora gowo mengko aq bacok

    [NGOKO MODE On]

    kwakwakwakwakwakwak

  3. kacrut says:

    bakpia sama mrongos dunk mas.. *mupeng mode on*

  4. Fenty says:

    lah mas, aku mulih, sampeyan berangkat, yo’opo toh, hahahahaha ….

  5. k.u.c.l.u.k says:

    oleh sing penting, jo lali oleh2e cahcae pitu kuduan

    *haiah

  6. Waduh.. Boso opo ki Mas..)

  7. denologis says:

    haiah, moco wae ribet mbanget kok cak. tapi ora opo2, iki ancen boso sing kudu diramut. yo ye?

  8. pojok kampung
    adalah usaha yg benar melestarikan bahasa yg mulai terkontaminasi dengan bahasa gaul yg gak jelas

  9. fithraw says:

    wehehehehe…
    ndi oleh2e cak…??? :mrgreen:

  10. Ali Nahwi says:

    Informasi yang sangat bagus…makasih atas artikelnya ya..

Leave a Reply to Ali Nahwi Cancel reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *