Tagged: pojok kampung

Rek….aku moleh ndeso sek yoo..?

( baca lah dengan aksen program TV JTV SUrabaya , Pojok Kampung)

suroboyoSedulur…tanggal nem likur mben, koncoku duwe acara nikahan. Konco kantor ku iki seangkatan pas sekolah ndek SMK 2 Yogya dhisik. Kebetulan oleh bojo arek Bantul, dadi ga adoh adoh nemen ambek omahe koncoku si Nugroho iku.

Bengi iki aku ambek koncoku cacahe 3 budhal nang Jogja.Bakalane pegel, soale sing nyopir aku tok, tapi gak usah kuatir soale bakalane alon2 waton kelakon hehehe… Nek pengen leren yo leren ae sak karepe. Rebo esuk sebetule ono rombongan teko kantor sing katene budhal jogja pisan, tapi berhubung aku wes “free kantor” mulai sore iki , dadine aku pengen mudik bengine ae. Dalanan sepi tur udarane sejuk…

Rencana ku bakalan “long vacation” nang Jogja. Cuti teko kantor 3 hari ditambah prei hari besar nasional + jatah prei mingguan, total jendral oleh libur 5 dino hahahaha…

Wah…dadakno ngomong jowo iku angel yo ? wes 7 tahun nang suroboyo, bahasa jowo ku ijeh campur campur antara Jowo Jogja ambek Jowo Suroboyo hehehe…

Ayo sedulur….jogo aset boso jowo iki, ben gak di klaim dadi duweke negoro liyo (hahahaha…provokasi mode ON)

*thumbnail taken from google image search